Thursday 5 December 2019

Contoh Pidato Sambutan Pada Acara Kenduri Selamatan / Atur Pambagyaharja Kenduren Bahasa Jawa



Assalamu’alaikum Wr Wb

Dhumateng panjenenganipun para sepuh, para pinisepuh, para sesepuh, ingkang satuhu kinabekten, langkung-langkung panjenenganipun Bapak Wido Satmoko Dukuh Tanggulangin (diisi nama orang yang tertinggi jabatannya dan hadir pada kesempatan tersebut) ingkang satuhu kinurmatan.

Para rawuh para lenggah, sepuh miwah anem, ingkang satuhu pantes sinudarsana. Sugeng rawuh, wilujeng sonten (diisi waktu yang bersesuaian) lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin, sumangga kula panjenengan sami ngonjukaken raos puja puji kelawan syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, nun inggih karana sih rohmat lan barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga ing wekdal punika kula panjenengan saged makempal wonten papan punika kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan satunggal punapa. Pramila awit saking menika sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan maos kalimah tahmid “Alhamdulillahirobbil'alamin.”

Shalawat saha salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan sedaya nun inggih Rosullulah Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafa'atipun wonten yaumil qiyamah. Aammin Yaa Robbal ‘Alamin.

Para rawuh para lenggah ingkang satuhu kinurmatan, kula ing mriki minangka sulih sarira sahan talanging atur Bapak Seno (diisi nama orang yang memiliki hajat) sakulawarga, keparenga nggempil kamardhikan panjenengan sawetawis saperlu ngaturaken wigatosing gati ing kalenggahan menika.

Purwakaning atur, Bapak Seno (diisi nama orang yang memiliki hajat) sakulawarga ngaturaken sugeng rawuh sinartan agunging pamaturnuwun dhumateng panjenengan sedaya awit sampun sami kepareng ndhanganaken penggalih haminaaken wanci saha nglonggaraken wekdal saperlu ngrawuhi menapa ingkang dados panyuwunipun. 

Mugi-mugi rawuh panjenengan sedaya menika dadosa ngamal ingkang pikantuk piwales kesaenan saking ngarsa dalem Allah SWT kanthi matikel-tikel. Aammin Yaa Robbal ‘Alamin.

Wondene menggah hajat tujuanipun Bapak Seno (diisi nama orang yang memiliki hajat) ngrawuhaken panjenengan sedaya mboten sanes kejawi badhe dipun suwun pambiyantunipun arupi ndherek dhedhepe wonten ngarsa dalem Allah SWT, dedonga kanthi waosan Al Qur’an kapendhet  Surah Yasin saha kalimah toyyibah utawi tahlil, ingkang khasanahipun mugi dadosa donga pamuji, mugi-mugi para arwah ahli kulawarganipun Bapak Seno (diisi nama orang yang memiliki hajat) ingkang sampun sumare wonten ing alam kubur, nuwun inggih sepindhah Almarhum/Almarhumah Simbah ....................................... kaping kalih Almarhum/Almarhumah Simbah ........................................ kaping tigo Almarhum/Almarhumah Simbah................................. (diisi nama almarhum/almarhumah sesuai maksud dari shohibul hajat) sakpeminggah sakpengandhap mirungganipun, lan sumrambahipun para arwah kaum mukminin wal mukminat muslimin wal muslimat samudayanipun, mugi sedaya pikantuka maghfirah saking ngarsa dalem Allah SWT, katampia sedaya amal kesaenanipun, saged dipun apunten sedaya dosa kalepatanipun, lan pinaringan papan ingkang minulya saking ngarsa dalem Allah SWT satimbang kaliyan darma bekti lan amal kesaenanipun. Aammin Yaa Robbal ‘Alamin

Minangka imam anggenipun ngaos saha tahlil kasuwunaken gungan dhumateng panjenenganipun Bapak Suwandi (diisi nama yang akan memimpin ngaji/tahlil) supados hanyalirani.
 
Para rawuh para lenggah ingkang satuhu kinurmatan, mugi mboten ndadosaken kuciwaning manah, dene Bapak Seno (diisi nama orang yang memiliki hajat) sakulawarga anggenipun nampi rawuh panjenengan sedaya mboten saged atur papan pilenggahan ingkang sarwa sekeca, menapa dene pasugatan samangke ingkang sarwa kirang mahanani, pramila Bapak Seno (diisi nama orang yang memiliki hajat) sanget nyuwun lumunturing sih samodra pangaksama dhumateng Para rawuh para lenggah sedayanipun.

Ing wasana kula pribadhi, mbokbilih anggenipun matur lan sowan handika sami wonten kalepatan, kekirangan, saha keladukipun atur, kula tansah tumadhah nyuwun rumentahing sih samodra pangaksami.

Akhirul kalam, Billahittaufiq Walhidayah, Wassalamua'alaikum Wr Wb.


Ing saklajengipun katur dhumateng panjenenganipun Bapak Suwandi (diisi nama yang akan memimpin ngaji/tahlil) kula sumangga’aken, nuwun.


Semoga Bermanfaat.
Oleh: Konsika Kulon Progo/Mas Pardy

No comments:

Post a Comment