Thursday 12 December 2019

Contoh Naskah Pidato/ Sambutan Acara Pernikahan Dari Pihak Pengantin Putri (Atur Pambagyaharja Wiwahan Penganten)


Assalamu'alaikum Wr Wb.

Panjenenganipun para pepundhen, para pinisepuh, saha para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom Ustadz Jazari (diisi dengan nama orang yang akan mengisi ceramah/pengajian jika ada) ingkang dhahat pinundhi.

Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustadz ingkang rinten dalu tansah sumandhing pustaka suci minangka panuntun keblating panembah, ingkang tansah kaantu-antu barokah, pandonga, miwah pitutur luhuripun.

Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja, nuwun inggih Bapa Untung Sanyata Lurah Tanjungharjo (diisi nama pejabat yang tertinggi pangkatnya) dalah para perangkat desa, minangka pandam pandom pangayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana.

Panjenenganipun para rawuh, para pilenggah, kakung sumawana putri, ingkang satuhu pantes hanampi sagunging pakurmatan; para sanak kadang wredha mudha lan tumaruna, ingkang tansah winantu ing suka rahayu; punapadene, panjenenganipun para kadang pangombyong pinanganten kakung/putri (pilih salah satu) saking tlatah Pedukuhan Kebonromo Kelurahan Giripurwo Kecamatan Girimulyo Kabupaten Kulon Progo (sesuai alamat asal pengantin) ingkang tansah winantu ing bagya mulya. Sugeng rawuh, wilujeng enjang/siang/sonten/dalu (sesuai waktu pelaksanaan), sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten ing menika wekdal, kula panjenengan saged makempal wonten menika papan, kanthi pinaringan karaharjan, mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kalimah syukur kanthi maos kalimah tahmid Alhamdulillahirobbil'alamin.

Shalawat ugi salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula panjenengan nun inggih Rosulullah Muhammad SAW ingkang kula panjenengan antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Aamiin Yaa Robbal ‘Alamin.

Sagung para rawuh, para pilenggah ingkang dhahat kinurmatan, kakung sumawana putri. Ing mriki kula minangkani kulawarga Bapak Ponijan (diisi nama shohibul hajat) dados talanging atur, keparenga  nggempil wewenanging kamardhikan panjenengan sawetawis, saperlu hangaturaken menggah wigatosing gati pawiwahan ing titi kalenggahan punika.

Purwakaning atur, Bapak Ponijan miwah Ibu Jumiyem (diisi nama shohibul hajat beserta istri) saha kulawarga, hangaturaken pambagya wilujeng ing sarawuh panjenengan sedaya, sugeng rawuh, marhaban ahlan wasahlan bihudluurikum, kairing agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, dene panjenengan sedaya sampun kepareng ndhanganaken penggalih saha hamina’aken wanci, kasedu hangrawuhi pawiwahan punika. Mugi-mugi rawuh panjenengan kalebetna ngamal sholeh ingkang pikantuk piwales sih nugrahaning Gusti Allah SWT ingkang matikel-tikel. Aamiin Yaa Robbal ‘Alamin.
Ing panginten, panjenengan sedaya sampun mboten katalumpen malih menggah ujubing pawiwahan ing titi kalenggahan punika, nuwun inggih awit kadereng minangkani darmaning asepuh, amiwaha suta mahargya siwi, nuwun inggih anak/adhi (disesuaikan) kula ingkang nami: nimas ayu Retno Safitri (nama pengantin putri) ingkang  ka-akad-nikahaken kaliyan nakmas bagus Danu Raharja (nama pengantin putra), putra jalu panjenenganipun Bp/ibu Tukimin (nama orang tua pengantin putra) ingkang pidalem ing Pedukuhan Tanggulangin Kelurahan Tanjungharjo Kecamatan Nanggulan Kabupaten Kulon Progo (diisi alamat asal).

Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu dhahat kinurmatan, keparenga atur uninga, bilih sang pinanganten sampun kaakad-nikahaken dhuk kalawau enjing (sesuai waktu), nuwun inggih dinten Selasa Wage (sesuai hari dan pasaran) nyarengi surya kaping wolu ing wulan Mei taun 2018 (sesuai tanggal, bulan, dan tahun). titiwanci tabuh sanga (sesuai jam) wekdal Nuswantara Imbang Pracima, kanthi satataning agami lan nagari, kanthi sineksen dening para kadang kulawarga, saha sanak sedherek, minggahipun para pinisepuh lan sesepuh, mapan wonten ing Kantor KUA Kecamatan Girimulyo (nama tempat berlangsungnya akad nikah) kanthi manggih wilujeng mboten wonten alangan setunggal punapa. Alhamdulillahirobbil'alamin.

Para rawuh para pilenggah ingkang satuhu wicaksana; minangkani kulawarga, kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa winates tumrap sedaya pambiyantu, paring sumbangsih saha kadarman panjenengan ingkang awujud punapa kemawon, bandha beya, bau suku, punapadene iguh pratikel, langkung-langkung pambiyantunipun para warga masyarakat RT 29 RW 10 Pedukuhan Kebonromo (nama tempat shohibul hajat) punika, ingkang sedaya kalawau tundhonipun saged adamel rancag, lancar, regeng lan gayeng prastawa gati ing titi kalenggahan menika, langkung-langkung saged angentheng-enthengi sesanggeman kulawarga.

Ananging mugi mboten andadosaken kuciwaning manah nun inggih awit kula sakulawarga mboten saget atur piwales punapa-punapa, namung panggrantesing manah ingkang konjuk dhumateng ngarsaning Gusti, mugi Allah SWT tansah paring leliru lelintu ingkang satraju dhumateng sih kadarman panjenengan menika wau, dhestun anglangkungana. Aamiin Yaa Robbal ‘Alamin.

Para rawuh para pilenggah kakung sumawana putri ingkang satuhu dhahat kinurmatan, lugunipun kemawon sampun sawetawis dangu, kulawarga anggenipun angrerantam, ngreronce, miwah anggantha-gantha prastawa gati punika, ananging dhawahipun namung kados mekaten punika, sarwa kirang pantes katur panjenengan sedaya. Ingkang menika, atas nami kulawarga, kula namung saged nyuwun agunging samodra pangaksami.

Ewa semanten, taksih kepareng badhe nyuwun ugungan malih, katur sanggya para rawuh, mugi keparenga paring puja sesanti mulya tuwin puji pandonga tumrap temanten kekalih, anggenipun sumadya lelumban ing madyaning bebrayan agung: mugi-mugi saged jumbuh ingkang ginayuh, sembada ingkang samya sinedya, tansah atut runtut, sayuk rukun, gendhon rukon, samad-sinamadan, wiwit kawitan dumugi delahan tansah manggih bagya mulya, dados kulawarga ingkang sakinah, mawaddah warohmah, tansah pikantuk berkah, pinaringan turun ingkang sholeh solihah. Aamiin Yaa Robbal ‘Alamin.

Para rawuh para pilenggah kakung sumawana putri ingkang satuhu pantes sinudarsana, kula sakulawarga tansah nglenggana bilih budi dayaning manungsa kirang sampurna, pramila ing mbokbilih anggenipun kula sakulawarga nampi rawuh panjenengan sedaya menika: kirang ing tanggap, kirang ing tangguh, menapadene kirang gupuh, mugi keparenga diagung ing pangaksama. Mboten kekilapan, minangkani para kadang mudha taruna anggenipun sami nawung kridha aleladi wonten ngarsa panjenengan sedaya, mbokbilih wonten kiranging suba sita, mugi keparenga panjenengan hangluberaken agunging pangaksami.

Para rawuh, para pilenggah kakung sumawana putri ingkang tansah winantu ing bagya mulya; mawantu-wantu para kadang kulawarga, keparenga panjenengan andumugekaken anggenipun samya lelenggahan, ngantos dumugi titiwanci purnaning adicara wiwahan ing siang/sonten/dalu (sesuai waktu) menika.

Ing wasana, mbok bilih anggen kula matur menika wonten kalepatan saha kekirangan, wonten kiranging subasita, punapadene cicir, cewet, lan cupeting atur, mugi keparenga diagung ing pangaksami.

Akhirulkalam, Billahittaufiq Walhidayah, Wassalamu'alaikum Wr.Wb.


Oleh: Konsika Kulon Progo/Mas Pardy

No comments:

Post a Comment