Thursday 23 January 2020

Soal dan Pembahasan Fisika Materi Gelombang Bunyi


TANJUNGHARJO, konsikaku.blogspot.com- Seseorang berdiri di antara dinding kemudian berteriak. Bunyi pantulan pertama terdengar setelah 0,5 sekon berteriak dan bunyi pantulan kedua terdengar 0,5 sekon berikutnya. Jika cepat rambat bunyi di udara 340 m/s maka jarak kedua dinding tersebut adalah….
A.85 m
B. 170 m
C. 255 m
D. 340 m

Pembahasan :

Diketahui :
t1 = 0,5 s
t2 = 0,5 + 0,5 = 1 s
v = 340 m/s

Ditanya :
S = ?

Jawab :
S = v (t1 + t2) : 2
S = 340 (0,5 + 1) : 2
S = (340 x 1,5) : 2
S = 255 meter.

Jadi jarak kedua dinding tersebut adalah 255 meter.

Oleh: Konsika Kulon Progo/Mas Pardy

Wednesday 8 January 2020

Contoh Teks Pranatacara Upacara Pemberangkatan Jenazah


TANJUNGHARJO, konsikaku.blogspot.com- Sobat konsika, kali ini admin menyajikan contoh teks untuk pranatacara atau pembawa acara atau MC pada saat upacara pemberangkatan jenazah (upacara lelayu / Pambidhaling layon) sebelum pemakaman jenazah berbahasa Jawa. Semoga bermanfaat dan dapat dijadikan referensi.

--------------------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Bismillahirrohmanirrohim.
Assalamu’alaikum Wr.Wb

Para pepundhen, para sepuh, para pini sepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi, para pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang pantes kinurmatan, para pambela sungkawa kakung sumawana putri ingkang pantes sinudarsana.

Madyaning panandhang ing ri kalenggahan punika kula piniji dening kulawarga panandhang inggih panjenenganipun Bp/Ibu...................................kinen njejeri minangka pambiwara toto upocoro rangkating laya wonten ing wekdal siang punika.

Sakderengipun kula ngaturaken lekasing sedya, sumangga dhumateng para pambela sungkawa kakung sumawana putri tansah kula dherekaken hangluhuraken asmaning Gusti Alloh SWT ingkang maha kawasa. Karana rohmat saha sih wilasanipun ingkang sampun rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, saengga taksih saged ndherek bela sungkawa kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.

Para pambela sungkawa kakung sumawana putri ingkang pantes sinudarsana/sinubeng pakurmatan, wahyaning mangsa kala upacara hangkating layon kaleksanakaken, wondene reroncening adicara kados sampun karakit dening para kulawarga, ingkang punika panata cara ngaturaken reroncening adicara :
1.      Sepindah pambuka
2.      Atur pambagyaharja
3.      Upacara Adat Tlusupan utawi sumurup
4.      Panutup kalajengaken Donga pambidhaling laya

Para pambela sungkawa ingkang pantes kinurmatan, makaten reroncening adicara ingkang rinakit dening para kulawarga.

Sumangga acara bidhaling layon kita purwakani kanthi adicara ingkang sepisan inggih menika pambuka. Dhumateng bapak Ibu ingkang ngrasuk agami islam kasuwun waosan basmalah dene bapak ibu ingkang ngrasuk kapitadosan sanes, kawula sumanggaaken medherek pranatanipun. Sesarengan Sumonggo kulo dhereaken Bismillahirrohmanirrohim.

Acara ingkang kaping kalih atur pambagya harja saking kulawarga ingkang wekdal menika badhe dipun salirani Bapa……….. dhumateng panjenganipun Bapa….. wekdal saha sasana wara kawula sumanggaaken.

Para pambela sungkawa, para ta’ziah, ta’ziin ingkang kinurmatan, kanthi terwaca cetha atur pambagya harja saking Bapa ........................ minangka sulih salira kulawarga panandhang. Pramila kaaturaken sanget agunging pamaturnuwun.

Ingkang salajengipun ngancik adicara ingkang kaping tiga nun inggih upacara adat tlusuban utawi sumurub. Dhumateng sedaya kulawarga panandhang wekdal kasumanggaaken.

Bapak/Ibu pambela sungkawa kakung miwah putri, upacara adat sumurub sampun kaanggep cekap, kalajengaken adicara ingkang pungkasan inggih punika panutup lan donga bidhaling laya.


Ananging sakderengipun panutup, Kula pribadhi minangka pambiwara ing mbok bilih anggen kula ngaturaken urut reroncening adicara wonten kiranging trapsila, suba sita miwah kiranging basa tuwin sastra, karana budi dayaning manungsa kirang sampurna kridhaning ati datan bisa mbedhah kuthaning pasthi, mawantu wantu nyuwun lubering pangaksama.
Nherek atur uninga dhumateng sagunging para takziah takziyin bilih mangke dalu dumugi malem pitung dinten ing dalem dhuh kita punika badhe dipun wontenaken yasinan saha tahlil kagem sarana dedonga pangentheng entheng dhumateng Gusti awit tinimbalanipun Almarhum……pramila mekaten khususipun dhumateng jama’ah Masjid ........................., umumipun dhumateng sedaya para takziah ing mbok bilih mboten wonten keribetan sanes, kulawarga panandhang nyuwun panyengkuyungipun.

Sumangga adicara rangakating jenazah ing wekdal siang punika kita pungkasi kanthi waosan hamdalah kulo dhere’aken…………….

Ing wasana akhirul kalam billahi taufiq wal hidayah.  
Wasssalamu’alaikum Wr.Wb

Salajengipun dhumateng Bapa……….kasuwun nyalirani Donga pambidhaling laya. Sumonggo katur .